yen aku ditakoni, atimu kanggo sapa? saiki aku ora ngerti arep mangsuli apa. wingi-wingi menawa aku takon marang awakku dhewe atiku kanggo sapa, rumangsaku “dheke” kuwi wangsulane. uwong sing saka rumangsaku tak tresnani ing sak jeroning ati nanging ora isa kasembadan. rasa sing mung tak simpen lan ora ana sing ngerti.
nanging saiki, aku duwe pitakonan maneh tumrap atiku dhewe, sejatine apa sing tak rasakke wingi-wingi kuwi bener-bener tresna? yen aku bener tresna, kenapa atiku lara? yen aku ora tresna, kenapa aku pasrah lahir batin senadyan dheke nglarani atiku?
2009, apa meneh sing arep tak temoni? aku durung isa ngilangi kabeh sing tak rasakke. aku isih pengen ana dheke, senadyan aku ngerti kuwi ora ana gunane amarga dheke wis ana sisihanne.
if this is love, then i put my heart in a burdened place, yet to lose him i feel deeply flood by his charm, sinceĀ i surrender myself – my heart – my body – my soul – only for him, for many nights we had spent together.